Rabu, 25 September 2013

Nopo Niku Sumber Sejarah



Sumber sejarah inggih meniko, bahan ingkang saged diguna aken kagem nglempak aken kabar kagem kedadosan wekdal rumiyen. Panguripan menungso  kolorumiyen wonten ingkang nilar jejak lan bukti-bukti ingkang nyoto, ingkang wonten hubungan kauripan masyarakat manungso. Siso peninggalan niku sedoyo diwastani Sumber Sejarah. Ahli sejarah mengkaji soho meneliti sumber sejarah terus disimpulaken. Sasaran ingkang diteliti soho dikaji / disinauni sedoyo artefak soho tulisan.
Tujuan sangking coro sejarah inggih puniko genah aken soho buktiaken maleh kedadosan-kedadosan wekdal rumiyen. Ilmu kito mengenai sejarah boten mungkin jangkep soho cukup. Ilmu sejarah pikantuk saking tiruan sejarah saking sejarah sisa-sisa tinggalan wekdal rumiyen ingkang kawastanan sumber sejarah. Umumipun sumber sejarah dibagi  dados tigo. Inggih puniko sumber sejarah terserat lan sumber sejarah boten terserat, lan sumber barang.
1.      Sumber sejarah serat inggih puniko sumber sejarah ingkang dipun angsalaken lewat warisan ingkang tertulis, catetan kedhadian ingkang kedadosan wekdal rumiyen, kados : prasasti, dokumen, naskah, piagam, serat kabar, tambo (catetan taunan saking cino).
2.      Sumber mboten tertulis (lesan) meniko keterangan langsung saking priyatun piambak utawi saking seksi kedadean nalika wekdal rumiyen. Kados wargo ingkang nderek pidato upacara proklamasi 17 Agustus 1945 wonten dalan Pegangsaan Timur no. 56 Jakarta.
3.      Sumber barang meniko sumber sejarah ingkang angsalipun saking barang-barang peninggalan wekdal rumiyen. Kados gerabah, kapak, perhiasan, lan liyan-liyane.

Warisan sejarah saged dibagi dados peninggalan ingkang disengojo soho peninggalan mboten disengojo. Peninggalan disengojo diwarisaken kaliyan tujuan dados peringatan dumateng generasi sakterus ipun utawi dateng pihak liyo. Kados seratan piagam-piagam soho monumen. Lajeng warisan ingkang mboten disengojo meniko warisan ingkang mboten kagungan maksud utawi tujuan nopo mawon. Kados siso balung, siso bangunan, serat-serat pribadi, lan liyan-liyane.
            Salah setunggalipun seratan ngingingi perkawis tertentu wonten sejarah kagem sumber sejarah. Sumber sejarah ingkang asli diwastani sumber primer, lajeng sumber sejarah ingkang nggadai isi/bobot/barang-barang asli ingkang sampun dirampungaken diwastani sumber sekunder.  Saking anggepane Louis Gottschalk sumber primer inggih punika kesaksian saking salah setunggalipun piantun kalihan midangetaken soho mersani tiyambak, utawi mirsani kalihan ponco indronipun ingkang lintu, utawi setunggalipun alat mekanis kados diktafon. Sumber primer kedah saking salah setunggalipun piantun ingkang arupi seratan mboten kedah asli ingkang artosipun asli miturut hukum, inggih meniko seratan meniko tiyambak wonten lebetipun seratan ingkang awal.
            Kepustakaan kedah dibetahaken soho dipun damel kagem nyerat karya ilmiah kumpulan saking buku-buku ingkang sebagian ageng dipun damel kangge panutan,inggih meniko hasil-hasil seratan ingkang dipun damel pados ing ndalem hal-hal ingkang kedah dipun tinggali soho dipun serat.
            Ing ndalem sumber sejarah pengelingipun tiang inggih berpengaruh ageng pepilingipun tiang kados rekaman, tiruan saking pengalaman wekdal rumiyin. Kanthi wontenipun tiruan sejarah meniko, pangilingan meniko saged dipun awetaken utawi dipun lestariaken. Sebab meniko wekdal rumiyen mboten pejah kagem menungso ingkang gesang wekdal sakmeniko. Pangeling meniko Rahmat saking Gusti Pengeran ingkang dipun paringaken dumateng manungso kagem ngoco ndamel ndandosi manah lahir.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Leave Your Comment Please...